Cari Blog Ini

Selasa, 10 Februari 2015

PANATACARA WONTEN ADICARA KHITANAN


            Assalamualaikum warohmatulohi wabarokatuh.
            Panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni.Panjenenganipun Bapak Rohmat Darojat ingkang kinurmatan ugi para tamu kakung saha putri tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan.
            Kadhang werdha mudha ingkang tansah kula trisnani nuhoni awit saking keparengipun ingkang mengku gati sekaliyan, kula ingkang piniji pranatacara, langkung rumiyin saderengipun pahargyan prasaja ing kalenggahan punika tinarbuka, sumangga panjenengan sedaya tansah kula dherekaken monjukaken puja miwah puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, dene ngantos titi wanci punika panjenengan sedaya miwah kula taksih pinaringan rahmat saha barokahipun. Amin
            Katitik kita sedaya taksih kaparengaken kempal manunggal sapejagong wonten ing pahargyan prasaja ingkang kawengku dening panjeneganipun ingkang hamengku gati sekaliyan.Ingkang ing wekdal punika hanggadhani hajat nyupitaken putranipun ingkang kekasih adik Nur Dani.Mangga tansah  kita ndongakaken sesarengan mugi lare kasebat tumunten enggal mantun lan dados lare ingkang bekti dhumateng tiyang sepuhipun , agami, bangsa, ugi nagari.
            Salajengipun mboten kesupen shalawat ugi salam mugi-mugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhamad Saw, awit wewarahipun sampun kita dereki kanthi teguh, saktemah paring pitedah dumateng margineng kaleresan lan kasingkiraken saking margi ingkang mboten dipun ideni dening Gusti Allah.
            Para tamu saha lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan, murih rancakipun adicara ing kalenggahan punika saderengipun tinarbuka langkung rumiyin badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun kasanggit dening para kulawangsa, nun inggih :
Ø  Kapisan atur pambuka
Ø  Kalajengaken waosan Ayat Suci Al Quran
Ø  Atur pambagyaharja
Ø  Kasambet pengaosan
Ø  Lajeng pungkasanipun panutup
            Panjenenganipun para tamu saha para lenggah, mekaten menggah urut reroncening tata adicara ingkang sampun karakit dening para kalawangsa, murih rahayuning sedya mangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng ngarsaniphun Gusti Ingkang Maha Agung mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan lancar lan tinebehaken saking sengkala.
Adicara ingkang kapisan atur pambuka,
Bapak ibu,mangga adicara menika kawiwiti kanthi waosan basmalah..... Ndedhonga cekap.matur nuwun.



Adicara candakipun Waosan ayat suci al quran
Dumateng ingkang sampun kapiji,wedal kasumanggaaken... matur nuwun dateng sederek ingkang sampun hamaosaken ayat-ayat suci saking al quran.
Kalajengaken atur candakipun atur pambagyaharja.
Dumateng tetuwangga ingkang sampun kapiji,wedal kasumanggaaken.... Matur nuwun dateng ngarsanipun tetuwangga sampun kapiji ingkang sampun dados sulih saliranipun hamengkugati.

Titi laksana candakipun pangaosan.
Dumateng ngarsanipun bapa ingkang sampun kapiji,wedal kasumanggaaken.....Matur nuwun dateng bapa ingkang kapiji,ingkang sampun paring pengaosan.Mugi-mugi pangaosan menika nambahi imaan lan taqwa dateng kula lan panjenengan sedaya.Amin
Titilaksana candakipun panutup.
Bapak ibu,mangga kita pungkasi kanti waosan hamdalah.
Purwa,madya wusana katah boso miwah sastra ingkang kirang hanuju prana,mugi kepareng paring pangaksuma.
Assalamualaikum wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar